Tugas Teks Dheskriptif.

Asil Tugas Teks Dheskriptif. Lidah Buaya Dening: Sa’adatut Darroini (7C) SMP Negeri 38 Surabaya Lidah Buaya salah siji jinis tanduran sing ana ing SMP Negeri 38 Surabaya. Lidah buaya iki nduweni jeneng liya yaiku aloe vera . Tanduran iki nduwe akeh paedah. Kejaba nduweni paedah, akeh uga jinis-jinise tanduran iki. Bageyan-bageyan saka tanduran lidah buaya iki ana awak sing nduweni eri lan oyot. Lidah buaya iki ora nduwe godhong. Nanging ana ing pinggir awake ana erine minangka njaga awake. Njero awake ana daging kenyel-kenyel. Tanduran lidah buaya iki nduweni akeh paedah. Kanggo ngirengna rambut, kanggo ngalusake kulit, lan sapanunggale. Lidah buaya iki bisa diolah dadi jelly utawa nata de coco . Lidah buaya yen diolah dadi panganan bisa dadi nyehatake awak.