Dhongeng Apel Kembar



Apel Kembar

Dodo lan Didi rong dulur kembar. Kekarone padha-padha oleh kebon apel saka bapake. Wekase bapake, kebon kuwi kudu dirumat lan ora oleh didol marang wong liya.
                “Putra-putraku... mung iki Nak sing bisa dakwenehna marang kowe kekaro. Bapak ora nduwe bandha apa-apa”  ngendikane bapake.
                “Inggih Bapak boten napa-napa. Sing dipunwenehaken Bapak menika mawon sampun ndamel bingah” kandhane Dodo.
                “Leres, menika Pak. Nanging menawi kepareng kula badhe nyuwun pirsa.Menapa kebon menika boten pareng dipunsade. Kamangka kula boten saged tetanem” kandhane Didi.
                “Wit-wit apel ing kebon apel kae ora perlu ditanduri maneh. Mung perlu disiram lan dirumat.”
                Dodo wis nduweni gegambaran apa kang bakal dilakoni kanggo apel-apel iku. Dheweke bapal ngrumat, nyirami saben dina, wit iku bakal dipupuk kanthi bisa tuwuh gedhe lan akeh woh apele. Beda maneh karo kembarane Dodo. Didi bingung arep dikapakake.
                “Dhuh, wit apel samene akehe arep dakkapakake.” Pikire.
Banjur dheweke kelingan ngendikane bapake. Yen wit-wit apel iku mung perlu disiram lan dirumat wae. Dheweke nyoba telaten anggone ngrumat lan nyiram saben dina. Nganti wit-wit iku tuwuh gedhe lan akeh wohe apel. Saben panen apel ora lali dheweke mesthi ngeterake sabageyan apel-apel iku menyang bapake. Lan sabageyan maneh dibagi menyang tangga-tanggane.
                “Di, hla kepriye kabare kakangmu kae? Kok wis ora nate menehei kabar bapak?” pitakon bapake nalika dolan menyang daleme.
                “Niku Pak, sokur Kang Do sukses anggone ngrumat kebon Pak. Malah woh ing kebone luwih akeh saka kebonku” wangsulane Didi.
                “Ora dadi ngapa, kowe isih gelem dolan mrene lan menehi  sabageyan saka panem apelmu iku wae wis nyenengake atine bapak” kandhane bapake.

Wit sing dirumat Dodo ora beda asile. Wite gedhe tur wohe akeh. Asil panem sakabehane iku mung didol. Malahan apel-apel sing isih enom-enom uga melu didol. Sing dipikirake mung kepriye wit apel iku bisa ngasilake dhuwit. Sasuwene iki dheweke uga saya males anggone ngrumat lan nyirami. Mula wit apele wis ora kerep uwuh.
                Sawijining dina wit apele iku katerak hama. Saking akehe nganti wis woh lan godhong-godhonge rusak.
                 “Dhuh, apes tenan uripku. Banjur apa sing bisa taklakoni. Wit apel iki wis meh mati katerak hama.. hu hu..” tangise Dodo.
Keprungu swara nyalawadi.
                “Geneya kok rusaki aku, apa luputku, woh apel wis kerep dakwenehna. Dadi manungsa iku aja rumangsa bisa.  Manuta yen diweling wong tuwa. Ngrumat aku wae kowe aras-arasen.Mula saiki gantinen aku neng kene”.
                Dodo malih dadi wit apel cilik sing tuwuh seger dhewe ing kebone. Nanging wit iku kerep nangis. Tangisane wit apel iku mujudake getune Dodo marang tumindake.
 (mou_)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah