Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI
SAJRONE
GEGURITAN RUMANGSAKU
ANGGITANE
ROEWANDI
Dening:
RATNA YULIA
DAMAYANTI 13020114011
ARISKA HARIYANI 13020114019
2013 A
A. Purwaka
Puisi minangka salah sawijining karya sastra. Wujude akeh
banget.Miturut periodesasine geguritan kalebu karya sastra modern. Miturut Winoto
(2010, 44-46) ngandharake tembung geguritan asale saka tembung lingga “gurit”
kang nduweni teges tulis, gambar, nyanyian. Kayata wujud karya
sastra liyane, miturut Waluyo (2005:1) geguritan uga
nduweni titikan-titikan khusus. Umume sajrone geguritan iku pangripta ngandharake panemu
awujud ukara kang cekak-cekak sarta padhet kang tinulis sajrone pada-pada. Kadhang
kala
sajrone geguritan iku ana tembung utawa ukara kang asipat konotatif lan nduweni
lelewaning basa kang bisa narik kawigaten pamaca.
Anggone ngripta geguritan, saben
pangripta nduweni gaya sing beda-beda pangripta siji lan liyane. Miturut Wellek lan Werren saben panggurit nduweni gaya sing beda
lan khas mbedakake siji lan sijine (sajroning Supriyanto, 2009:18). Gaya panulisane
sing beda saka panggurit amarga didhasari kahanan sosial ana ing masyarakat lan
carane ndeleng panggurit marang kahanan sing ana sakiwa tengene iku beda-beda.
Manungsa saiki padha ngrasa benere dhewe. Ora rumangsa lupute
mung isane nglarani liyan. Kamangka pawongan
iku ora mesthi bener terus. Manungsa iku panggon lali lan luput.
Mula ya bisa wae apa kang ditindakake utawa apa kang diomongake iku kliru.
Manungsa kudune bisa instropeksi dhiri marang lupute. Ora kena rumangsa
bisa ning kudu bisa ngrumangsani. Kudu tansah eling
marang lupute. Senajan manungsa kabeh iku panggone luput mula manungsa sajrone urip
ing bebrayan iki ora oleh tumindak sakarepe dhewe. Kabeh tumindake kudu
dingati-ati supaya ora njalari ganjelaning atine liyan. Kaya paribasan
landhepe lathi luwih landhep saka glathi. Ateges apa kang metu saka lathi iku
bisa luwih nglarani.
Kadhang kala sawijining wong ora krasa yen
dheweke wis nglarani atine liyan. Glathi iku larane ana ing
njaba lan sedhela wae bisa garing banjur mari. Nanging yen sing lara iku ati,
durung mesthi bisa cepet mari. Nambani lara ing ati
bisa nganti mataun-taun. Sajrone geguritan Rumangsaku anggitane Roewandi kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat
Nopember 2015 iki ngenani pepeling marang manungsa supaya tansah eling marang
tumindake lan ora kena tumindak sakarepe dhewe. Mula, geguritan iki
narik kawigaten kanggo ditliti.
Adhedhasar andharan kasebut, geguritan iki bakal
diapresiasi saka perangan-perangan geguritan
kang ana ing jerone geguritan iki. Diwiwiti saka
perangan- perangan kang onjo nganti perang kang bisa nyengkuyung perangan kang
onjo iku. Saka geguritan iki dimangerteni perangan kang onjo yaiku temane
kang ngandhut pepeling kabecikan. Tema yaiku idhe dhasar saka
sawijining puisi kang dadi inti saka sekabehane makna sajrone puisi (Aminuddin,
2011: 151). Nemtokake tema geguritan anggel-angel gampang amarga geguritan
biyasane nggunakake tembung-tembung diksi kang nduweni makna gramatikal.
Andharan iki diajab bisa menehi kawruh marang pamaca babagan kawruh
sastra, mligine ing bidhang apresiasi lan kritik sastra Jawa.
B. Andharan
Perangan iki bakal
diandharake ngenani dhasar teori, klasifikasi, lan jlentrehansaka tema geguritan
ngenani pitutur kabecikan. Ing andharan iki panliti bakal ngandharake tema
lan perangan-perangan panyengkuyung liyane kang ana sajrone geguritan kasebut.
Manungsa menehi
pitutur iku mesthi nduweni maksud lan tujuwan kanggo ngelingake supaya manungsa
liya kang dituturi iku bisa tumindak luwih becik tinimbang sadurunge. Bisa uga sajrone pitutur iku ngandhut pepeling
supaya manungsa iku tansah eling lan ngati-ati. Andharan ing
ndhuwur ana ing pethikan iki:
nanging rumangsaku luwih entheng
mayang ing ati
dadi luber
ajur mung kadi maruta
ganjelaning
ati kaanggep sesendhon
tinimbahan
eling marang Gusti
kanthi
mangesthi sesanti aku kabeh kalepotan luput
(pada
kalima geguritan Rumangsaku anggitane Roewandi)
Pethikan ing ndhuwur nuduhake pitutur kabecikan. Pangripta sajrone
ngripta geguritan iku nduweni maksud menehi pitutur lan pepeling marang pamaca
supaya tansah eling lan ora tumindake luwih di ngati-ati maneh. Pitutur kasebut
awujud manungsa iku kudu nduweni ati kang andhap asor. Menawa atine
kesenggol liyan ora oleh gampang serik atine. Tansah eling marang Gusti kang kebak pangapura
marang umate. Semono uga
manungsa uga kudu gampang ngapurani lupute liyan. Kaya sesanti jawa kang
sinebut kabeh manungsa kabeh mesthi akeh lupute. Mula yen dilarani wong liya ora oleh gampang dilebokna ati.
Akeh
banget manungsa kang ora sadhar-sadhar marang lupute. Senajan wis dituturi ning
isih wae nglakoni tumindak kang ora becik. Pancen manungsa mesthi kalepotan
luput ning manungsa sing luput kudu dielingake. Manungsa anggone menehi pepeling
uga bisa lumantar sindiran kang nduweni maksud supaya kang dituturi kuwi tansah
eling lan sadhar, bisa intropeksi dhiri marang lupute. Andharan ing
ndhuwur ana ing pethikan iki:
Rumangsaku
kabeh wong mesthi
kudu
ngerti benere dhewe
amung
luput salahe
kang tumiba janma liya
(pada kapisan
geguritan Rumangsaku anggitane Roewandi)
Pethikan kang kapacak ing ndhuwur nggambarake sindiran kang diandharake
dening pangripta marang pamaca.
Pangripta sajrone geguritan Rumangsaku nduweni rumangsa yen
kabeh pawongan iku mesthi ngrasa bener dhewe. Ora eling marang luput salahe kang nglarani atine
wong liya. Tumindak kaya mangkono iku kliru lan ora becik mula pangripta
ngelingake lumantar geguritan Rumangsaku supaya manungsa tansah eling
lan ora nduweni sipat kaya mangkono. Geguritan iki uga ngandut enjambemen amarga ana pedhotaning ukara ing pungkasan larik kang di deleh ing
wiwitan larik sabanjure. Kayata kang kapacak ing pethikan ngisor iki:
Rumangsaku
kabeh wong mesthi
kudu
ngerti benere dhewe
….
(Pada kapisan geguritan Rumangsaku
anggitane Roewandi)
Nanging
rumangsaku luwih entheng
mayang ing
ati
....
tinambahan
eling marang
lajer kang
tinandur Gusti
kanthi
mangesthi sesanti aku kabeh
kalepotan
luput
(Pada kalima geguritan Rumangsaku anggitane Roewandi)
Pethikan ing ndhuwur
nggambarake perangan estetik saka panggurit nalika nggawe geguritan. Kanthi anane pamedhote ukara ing
pungkasan larik banjur dideleh ing larik sabanjure kasebut nduweni tujuwan
yaiku kanggo menehi tekanan sajrone larik kasebut utawa minangka pangandheng
antarane bageyan sadurunge lan bageyan sabanjure.
Geguritan iki uga nggambarake watake
manungsa kang senengane tumindak sakarepe dhewe amarga yen arep tumindak ora
dipikir dhisik kepriye panampane wong liya marang apa kang diomongake. Akeh manungsa kang rumangsa tumindake bener nanging isih luput miturut
pamawase wong liya. Kayadene paribasan Jawa yen manungsa iku ora oleh rumangsa
bisa nanging kudu bisa ngrumangsani. Andharan ngenani wataking manungsa bisa kapacak ing
pethikan ngisor iki:
Padha
anggega kersane pribadi
ngugung
nguja luntaking angkara
yen
kepagol asesanti
rawe-rawe
rantas malang-malang putung
singa lena
nemahi pralaya
(Pada
kaloro geguritan Rumangsaku anggitane Roewandi)
Pethikan kang kapethik ing ndhuwur nggambarake yen manungsa iku padha
seneng tumindak sakarepe dhewe kaya kang kapacak ing ukara “padha anggega
kersane pribadi”. Saliyane iku uga ana basa kiasan arupa basa sesanti Jawa kang
sumirat kang nambahi endahing geguritan kasebut
kayata kang kapacak ing ukara
“Rawe-rawe rantas malang-malang putung”. Kita minangka wong kang lair ing
tlatah Jawa wis mesthi asring banget ngrungokake sesanti iku kang nduweni teges
“kabeh bebaya kang ngalang-ngalangi bakal disingkirake”. Mula sesanti kasebut minangka simbol kang kudu dicakake manungsa ing
bebrayan supaya bisa tumindak luwih becik maneh lan bisa ngadhepi alangan kang
ana.
Kaluputane manungsa
uga bisa kadheleng nalika dheweke cecaturan. Kadhang kala manungsa yen ngomong
sapenake dhewe ora dipikir dhisik lan ora diati-ati anggone ngomong iku apa
bisa ditampa marang wong liya. Kahanan kaya mangkono menawa dijalari krana akeh
manungsa kang during sadhar yen ajining dhiri iku dumunung saka lathi. Andharan
ing ndhuwur bisa katonton saka pethikan ing ngisor iki:
katon
wewentahan ujaring kandha
napsu
angedhaton ing ati
….
(pada katelu geguritan Rumangsaku
anggitane Roewandi)
Pethikan ing
ndhuwur nuduhake yen manungsa iku sapenake dhewe yen kandha lan ngomong
marang wong liya. Manungsa mesthi nuruti nepsu atine. Manungsa kerep lali yen
kabeh tumindake iku disawang dening rasul lan malaikat. Yen manungsa sadhar
ngenani bab kasebut kudune tumindake tansah diati-ati ora oleh angger sajrone ngecakake
agama lan suba sita. Senajan manungsa panggone luput nanging kudu tansah ditata
suba sitane lan agamane luwih di mantepi. Pethikan kang nuduhake sikap sapenake
dhewe kang dilakoni manungsa uga kapacak ing pethikan ngisor
iki:
Nek
atine kagol kepantong liyan
embuh
ora ngerti eling
tutur
muni saujar dadi ganjelaning ati
ora
perduli embuh salahe
(pada kapapat geguritan Rumangsaku
anggitane Roewandi)
Manungsa kerep ora
eling marang tumindake kang luput. Kaya kang kapacak saka pethikan ing
ndhuwur iku kang nggambarake yen manungsa kadhung kesenggol atine wis mesthi
gampang serik atine. Manungsa kerep ora
elinge lan kerep khilape banjur ngomong sapenake dhewe ora dingati-ati omonge.
Kahanan kasebut bisa njalari manungsa liyane ora trima banjur dadi serik atine.
Akeh banget
pangeling-eling kang diandharake dening pangripta lumantar geguritan iki.Ing
geguritan iki menehi pitutur kabecikan kang arupa pangeling-eling tumindak
becik mligine ngenani intropeksi dhiri. Tansah kelingan ana ngendi lan kapan
wae manungsa manggon, manungsa aja nganti lali nglakoni tumindak becik lan
ditata suba sita lan agamane. Ing geguritan iki panggurit nduweni pesen-pesen
utawa pepeling kang diwedhar lumantar tembung-tembung kang endah utawa diksi
kang kapacak sajrone geguritan kasebut..
Sesambugane isi
geguritan lan judhul geguritan kasebut nuduhake panggurit ngripta saka
pangalaman kang ana sakiwa tengene. Banjur disambugake marang kahanan saiki. Geguritan Rumangsaku nggambarake yen panggurit iki ngajak marang pamaca supaya ndeleng
awake dhewe. Ndeleng tumindak kang sasuwene iki wis ditumindakake. Manungsa kudu
tansah sadhar lan bisa intropeksi dhiri. Upama tumindak kasebut isih kliru bisa
diowahi wiwit saiki. Ora ana kang kari nalika pawongan iku gelem ngowahi
kaluputane dadi kabecikan. Yen bisa ngowahi tumindake wis mesthi uripe bakal
mulya lan tentrem sabendinane.
C. Panutup
Tema minangka idhe
kang digunakake panggurit anggone nggawe geguritan. Tema kang apik yaiku
tema kang ora bisa dideleng langsung dening pamaca nalika maca geguritan
kasebut. Mula kanggo
nemtokake tema kasebut pamaca kudu maca geguritan iku bola-bali. Nemtokake apa kang dikarepake dening
panggurit.
Andharan ing ndhuwur
mung ngandharake perangan tema saka geguritan Rumangsaku anggitane Roewandi. Tema kang kinadhut ana ing geguritan
kasebut yaiku pitutur kabecikan. Diajab tema kasebut bisa menehi pangalaman tumrap pamaca. Asil apresiasi
sastra kang arupa geguritan iki saka kasampurnan. Diajab pamaca bisa menehi
pamrayoga kang nyekuyung babagan apresiasi sastra iki.
KAPUSTAKAN
Aminuddin.2011. Pengantar Apresiasi
Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.
Keraf, Gorys. 2010. Diksi dan Gaya
Bahasa. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama
Nurgiyantoro, Burhan. 2000. Cethakan III.
Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta:
Gadjah Mada Uviversity Press.
Roewandi. 2015. ‘Geguritan Rumangsaku. Panjebar Semangat No. 47. Surabaya: Panjebar
Semangat.
Staton, Robert, 2012. Teori Fiksi (diindonesiakake dening
Sugihastuti lan Rossy Abi Al Irsyad). Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Supriyanto, Teguh. 2009.
Stilistika dan Prosa. Jakarta: Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional
Waluyo, Herman. J.
2005. Teori dan Apresiasi Puisi. Erlangga
Wellek dan Werren.
2014. Teori Kasusastran. Jakarta: PT Gramedia Pustaka
Winoto, Bekti. 2010.
Basa Jawa. Surakarta: Widya Duta Grafika.
Komentar
Posting Komentar