Apresiasi Geguritan-PITUTUR KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN AKU MEGURU KANTHI ATI
PITUTUR
KABECIKAN
SAJRONE GEGURITAN AKU MEGURU KANTHI ATI
ANGGITANE AMING AMINOEDHIN
Dening:
RATNA
YULIA DAMAYANTI 13020114011
ARISKA
HARIYANI 13020114019
2013 A
A. Purwaka
Manungsa ing bebrayan saiki wis akeh kang lumaku mlenceng saka
paugeran. Seneng sakarepe dhewe. Manungsa pada lali marang Gusti kang wis
ngripta, Gusti kang menehi nyawa, lan Gusti kang menehi hawa sarta kabeh kang
dibutuhkake manungsa kanggo urip. Tansah ngresula, lali ngatutake panuwun. Urip
iku kaya roda. Kadang anungsa bisa ing ndhuwur kadang bisa ana ing ngisor.
Nalika ing ngisor manungsa njaluk marang Gustine supaya diwenehi apa kang dadi
kekarepane. Kapengin sugih, kapengin pinter, kapengin uripe ing donya iki bisa
ayem tentrem. Nanging, ora sithik nalika manungsa ana ing ndhuwur utawa
manungsa iku wis diwenehi apa wae kang dadi kekarepane, dheweke malah dadi
lali. Dumeh marang apa kang diduweni.
Manungsa panggon lali luput. Lali syukur, lali laku maksiyat, lali
tumindak kang ora becik. Manungsa kadang lali yen kabeh tumindak iku ora becik
yen dilakoni. Yen kabeh tumindake manungsa kang lali lan luput mau isih
dilakoni tegese manungsa iku durung eling. Durung ana kang ngelingake marang
kaluputan tumindake iku.
Manungsa kang kaya ngono kuwi kudu dielingake. Amrih durung adoh
anggone kliru dalan. Amrih leren anggone nerak paugeran. Pitutur yaiku pepeling
sarta pramayoga supaya ora nindakake apa-apa kang ora pantes. Sajrone geguritan
Aku Meguru kanthi Ati anggitane Aming
Aminoedhin kang
kapacak
ing kalawarti Jaya Baya No. 10, Minggu II Nopember 2015. Iki ngenani pitutur kabecikan
kanggo manungsa-manungsa kang nerak paugeran.
Adhedhasar andharan kasebut, geguritan iki bakal diapresiasi saka
perangan perangan geguritan kang ana ing jerone geguritan iki. Diwiwiti saka
perangan- perangan kang onjo nganti perang kang bisa nyengkuyung perangan kang
onjo iku. Saka geguritan iki dimangerteni perangan kang onjo yaiku temane kang
ngandhut pitutur kabecikan. Tema yaiku ide dhasar saka sawijining puisi kang dadi
inti saka sekabehane makna sajrone puisi (Aminuddin, 2011: 151). Nemtokake tema
geguritan anggel-angel gampang amarga geguritan biyasane nggunakake
tembung-tembung diksi kang nduweni makna gramatikal.
Andharan
iki diajab bisa menehi kawruh marang pamaca babagan kawruh sastra, mligine ing
bidhang apresiasi lan kritik sastra Jawa.
B. Andharan
Perangan iki bakal diandharake ngenani
dhasar teori, klasifikasi, lan jlentrehan ngenani tema geguritan ngenani
pitutur kabecikan. Ing andharan iki panliti bakal ngandharake tema
lan perangan-perangan panyengkuyung liyane kang ana sajrone geguritan kasebut.
Puisi yaiku sawijining pangalaman saka
pamaca. Pangalaman iku bisa saka pangalamane dhewe utawa bisa uga saka
pangalamane wong liya. Manungsa akeh kang pada lali marang Gustine. Dumeh
nalika uripe kacukupan, nangis nesu nalika uripe susah lan ora katurutan
kekarepane. Andaran ing nduwur ana ing cuplikan iki.
Pang-pang jati kuwi wis tanpa godhong tandhane
ketiga ngerak.
Nanging kena ngapa wong-wong isih laku nerak
(pada katelu geguritan Aku Meguru kanthi Ati
anggitane Aming Aminoedhin)
Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen
manungsa iku wis dicoba kanthi panas banter.
Amarga tumindak kang wis dilakoni. Nanging manungsa isih durung sadhar.
Isih wae akeh kang padha nerak paugeran. Nerak tatanan lan aturan saka Gusti.
Liwat pacoban panas ketiga ngerak iku Gusti nitipake pesen supaya manungsa iku
eling. Supaya manungsa iku balik marang dalan kang bener. Ing cuplikan iki uga
nuduhake anane guru swara kang padha. Tembung “ngerak” lan “nerak”. Anane guru
swara kang beda kaya mangkene kalebu gayane panggurit anggone nggawe geguritan.
Supaya geguritan kang diripta bisa endah saka wujude.
Manungsa akeh kang nerak paugeran.
Tumindak kang ora becik. Seneng mangan nganggo dhuwit kang dudu kanggone utawa korupsi.
Tumindak korupsi saiki pancen wis akeh lan malah dadi jaringan kang angel
diudari. Korupsi ora mung dadi tumindake wong kang ana ing jabatan ndhuwur
nanging uga nganti tekan rakyate kang ana ing ngisor. Andharan iki ana ing
cuplikan.
Nguntal dhuwite liyan
tanpa pada kapitunan
(pada katelu geguritan Aku Meguru kanthi Ati
anggitane Aming Aminoedhin)
Cuplikan ing nduwur iku ngandharake
manungsa kang seneng korupsi tanpa nduweni rasa salah. Tanpa eling yen
tumindake iku kliru. Ing geguritan iki ngatonake panganggo rima. Ana sawijining
frasa kang digunakake bola-bali wiwit pada sepisan nganti padha sakawan.
Andharan iki dituduhake ing cuplikan.
Pang-pang jati ana alas kuwi tanpa godhong
...
(pada sepisan geguritan Aku Meguru kanthi Ati
anggitane Aming Aminoedhin)
Pang-pang jati garing iku kaya nuding
...
(pada kapindho geguritan Aku Meguru kanthi Ati
anggitane Aming Aminoedhin)
Pang-pang jati kuwi wis tanpa godhong tandhane
ketiga ngerak.
...
(pada katelu geguritan Aku Meguru kanthi Ati
anggitane Aming Aminoedhin)
Pang-pang jati garing iku nuding
...
(pada kapapat geguritan Aku Meguru kanthi Ati
anggitane Aming Aminoedhin)
Cuplikan ing ndhuwur nggambarake
perangan estetik saka panggurit nalika nggawe geguritan. Saka enem pada ana
patang pada kang nggunakake frasa kang padha. Panggurit nggunakake frasa
“pang-pang jati garing” iku nduweni teges kang jero utawa makna kang beda
saengga digunakake luwih saka safrasa. Pang-pang jati garing iku mujudake
rakyat cilik kang wis katindhes dening wong-wong kang nduweni kuwasa ing
ndhuwur. Kaya ing taun iki rakyat cilik kuwalahan anggone nguripi awake dhewe nalika
kabutuhan dadi larang sekabehane. Kamangka wong kang ana ing nduwur isih bisa
urip penak-penak kanthi nggunakake dhuwite rakyat.
Ing pada kapindho lan kapapat iku uga
nggunakake ukara kang padha. Babagan
kasebut. Dadi kreasine panggurit anggone nggurit kang nduweni karep
geguritan kang digawe bisa metu perangan kaedahane.
Ing geguritan iki menehi pitutur
kabecikan kang arupa pangeling-eling marang Gusti. Tansah kelingan ana ngendi
lan kapan wae manungsa manggon. Manungsa aja nganti lali marang kuwajibane.
Andharan ing ndhuwur bisa katonton saka cuplikan ing ngisor iki.
Ketiga ngerak kandha aja seneng nerak
paugeran
Sregepa laku apik lan becik. Uga
jangkepana sholat
Sholawat, lan munajat marang Gustimu
Saka cuplikan ing ndhuwur iku panggurit menehi
pitutur. Pangeling-eling supaya aja nerak paugeran. Aja nerak tatanan kang wis
ditetepake dening Gusti. Manungsa kudu sregep laku apik lan becik. Supaya ora
ana prakara-prakara kang ndadekake tukar padu. Ora perlu nuduh-nuduhake lupute
wong liya. Luwih becik ndeleng lupute saka dhiri pribadhi. Aja nganti lali
sholat kapan wae lan ana ngendi wae. Sholawat lan munajat marang Gusti. Tansah
eling marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Cupikan iki uga nuduhake amanat utawa
pesen-pesen saka panggurit saka reriptan geguritan iki. Sajrone geguritan iki
panggurit nduweni pesen-pesen utawa pepeling kang diwedhar lumantar
tembung-tembung kang endah utawa diksi.
Sesambugane isi geguritan lan judhul
geguritan kasebut nuduhake panggurit ngripta saka pangalaman kang ana sakiwa
tengene. Banjur disambugake marang kahanan saiki. “Aku Meguru kathi Ati”
nggambarake yen panggurit iki ngajak marang pamaca supaya ndeleng awake dhewe.
Ndeleng tumindak kang sasuwene iki wis ditumindakake. Upama tumindak kasebut
isih kliru bisa diowahi wiwit saiki. Ora ana kang kari nalika pawongan iku
gelem ngowahi kaluputane dadi kabecikan.
C. PANUTUP
Tema minangka idhe kang digunakake
panggurit anggone nggawe geguritan. Tema kang apik yaiku tema kang ora bisa
dideleng langsung dening pamaca nalika maca geguritan kasebut. Mula kanggo
nemtokake tema kasebut pamaca kudu maca geguritan iku bola-bali. Nemtokake apa
kang dikarepake dening panggurit.
Andharan ing ndhuwur mung ngandharake perangan
tema saka geguritan Aku Meguru kanthi Ati anggitane Aming Aminoedhin. Tema kang
kinadhut ana ing geguritan kasebut yaiku pitutur kabecikan. Diajab tema kasebut
bisa menehi pangalaman tumrap pamaca. Asil
apresiasi sastra kang arupa geguritan iki saka kasampurnan. Diajab pamaca bisa
menehi pamrayoga kang nyekuyung babagan apresiasi sastra iki.
KAPUSTAKAN
Aminuddin. 2011. Pengantar Apresiasi Karya
Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.
Keraf, Gorys. 2010. Diksi dan Gaya Bahasa.
Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama
Staton, Robert, 2012. Teori Fiksi (diindonesiakake dening Sugihastuti lan Rossy Abi Al
Irsyad). Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Wellek dan Werren. 2014. Teori Kasusastran.
Jakarta: PT Gramedia Pustaka
Komentar
Posting Komentar