Kapangku, Jeng
Kapangku, Jeng Jeng, piye anggonku males rasa getunku kowe sing wis bali menyang asalmu kapang gawe awak glempang Jeng, sapa sing ngira lumbung nyalawadi kae gawe geger balewisma ati sing kadhung suwek tan bisa dijait, bolong tan bisa ditambal pedhot tan bisa dipatri kuciwa tan nemu usada (nyawang anake sing pijer nangis): Ndhuk, cep aja nangis bocah ayu kaya cahya -ne mbulan ndadari, entenana kapangmu bakal oleh usada rembulan kae sawangana Plumpang, 28-05-17