Garis Urip
Garis
urip
Upama biyen oleh njaluk aku
Pengin,
nyuwun panjenengane tansah ngancani
biyen-mbesuk
ora kurang-kurang
nadyan jare ngomegan
pengin,
kaya liyane dirangkul lan disayang
pancen wis dadi garise urip
ora bisa diowahi mung bisa dilakoni
apa arep nusul
ana ngendi?
alamate apa?
numpak apa?
piye anggonmu mangsuli kabeh iku.
saka kadadeyan
Manunggal, 19 taun kapungkur
Komentar
Posting Komentar