Kapangku, Jeng



Kapangku, Jeng
Jeng,
piye anggonku
males rasa getunku
kowe sing wis bali menyang asalmu
kapang gawe awak glempang
Jeng,
sapa sing ngira
lumbung nyalawadi kae
gawe geger balewisma
ati sing
kadhung suwek tan bisa dijait,
bolong tan bisa ditambal
pedhot tan  bisa dipatri
kuciwa tan nemu usada
(nyawang anake sing pijer nangis):
Ndhuk, cep aja nangis bocah ayu kaya cahya
-ne mbulan ndadari, entenana
kapangmu bakal oleh usada
rembulan kae sawangana

Plumpang, 28-05-17

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah