Kutha gedhe, ee Jebul...
Kutha
gedhe, ee Jebul...
Kutha gedhe katon endah digambarake
gumantung sapa sing nggmbar, sapa sing crita
saka ngendi pamawase
gedhung gedhe, panggon AC, sapa sing selak ayeme
bareng sing cedhak panggon banyu
panggon sing dikarepake penak golek sangu
jebul... ooohh kutha gedhe iku mentala
nguntal sapa sing ora mlayu
nggiles sing mlaku lemes
akeh, akeh banget pangupajiwa sing ditawakna
nanging jumbuh antarane sing bener lan luput
endi sing kalal ndi sing karam
cok bacok ten patenan
clurit gaman gawe dolanan
Medsos,
24-05-17
Komentar
Posting Komentar