Guritan- Tan Tinumbas Arta



Tan Tinumbas Arta

Rasa iki wiwit ora nrima
nalika kahanan ora trep marang kekarepan
nampa kahanan peksan
mbrebes teles tanpa banyu
tan katon ing netra
apa sing ana ing atine,tega
apa sing ana ing pikirane, mentala
siji sing kudu diweruhi
ana kang tan bisa tinumbas arta
kejaba Gusti sing ngijabahi
dakyakini bakal dumadi apa sing dudu kekarepan-E
saka crita kanca aneng Tengah Jawa, 14,Mei 2017

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah