Segara Putih ing Kekarepan
Segara
Putih ing Kekarepan
lir segara putih
pawongan ngebaki
bale kutha
mlaku mlebu nylelep
ing antarane peputihan
kiwa tengen ora
ngerteni
lugguh jejer
dedonga bareng
guyub, tumemen
siji kekarepan
biyen,
gelema wae ora
saiki,
oraa dijak malah
mlayu dhewe upamane
haha, lucu
pancen
angel yen dudu
saka krentheg ati
ngene dhi:
pawongan mantep
laku tumindak
yakin marang
sing dilakoni lan dipilih
ora ana sing
bisa ngowahi kekarepane
kejaba kuwasane
Gusti
Bale kutha, 25-05-2017
Komentar
Posting Komentar