Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2017

Kapangku, Jeng

Kapangku, Jeng Jeng, piye anggonku males rasa getunku kowe sing wis bali menyang asalmu kapang gawe awak glempang Jeng, sapa sing ngira lumbung nyalawadi kae gawe geger balewisma ati sing kadhung suwek tan bisa dijait, bolong tan bisa ditambal pedhot tan   bisa dipatri kuciwa tan nemu usada (nyawang anake sing pijer nangis): Ndhuk, cep aja nangis bocah ayu kaya cahya -ne mbulan ndadari, entenana kapangmu bakal oleh usada rembulan kae sawangana Plumpang, 28-05-17

Segara Putih ing Kekarepan

Segara Putih ing Kekarepan lir segara putih pawongan ngebaki bale kutha mlaku mlebu nylelep ing antarane peputihan kiwa tengen ora ngerteni lugguh jejer dedonga bareng guyub, tumemen siji kekarepan biyen, gelema wae ora saiki, oraa dijak malah mlayu dhewe upamane haha, lucu pancen angel yen dudu saka krentheg ati ngene dhi: pawongan mantep laku tumindak yakin marang sing dilakoni lan dipilih ora ana sing bisa ngowahi kekarepane kejaba kuwasane Gusti Bale kutha, 25-05-2017

Garis Urip

Garis urip Upama biyen oleh njaluk aku Pengin, nyuwun panjenengane tansah ngancani biyen-mbesuk ora kurang-kurang nadyan jare ngomegan pengin, kaya liyane dirangkul lan disayang pancen wis dadi garise urip ora bisa diowahi mung bisa dilakoni apa arep nusul ana ngendi? alamate apa? numpak apa? piye anggonmu mangsuli kabeh iku. saka kadadeyan Manunggal, 19 taun kapungkur

Kutha gedhe, ee Jebul...

Kutha gedhe, ee Jebul... Kutha gedhe katon endah digambarake gumantung sapa sing nggmbar, sapa sing crita saka ngendi pamawase gedhung gedhe, panggon AC, sapa sing selak ayeme bareng sing cedhak panggon banyu panggon sing dikarepake penak golek sangu jebul... ooohh kutha gedhe iku mentala nguntal sapa sing ora mlayu nggiles sing mlaku lemes akeh, akeh banget pangupajiwa sing ditawakna nanging jumbuh antarane sing bener lan luput endi sing kalal ndi sing karam cok bacok ten patenan clurit gaman gawe dolanan Medsos, 24-05-17

Guritan- Tan Tinumbas Arta

Tan Tinumbas Arta Rasa iki wiwit ora nrima nalika kahanan ora trep marang kekarepan nampa kahanan peksan mbrebes teles tanpa banyu tan katon ing netra apa sing ana ing atine,tega apa sing ana ing pikirane, mentala siji sing kudu diweruhi ana kang tan bisa tinumbas arta kejaba Gusti sing ngijabahi dakyakini bakal dumadi apa sing dudu kekarepan-E saka crita kanca aneng Tengah Jawa, 14,Mei 2017