Macapat Sinom 2
Tangising Jagad Urip ora cetha rasa kampung lit sinawang asri wit-witan padha ngrembaka adhem ayem lan nyawiji urip kanthi trisna asih kanggo sapa ta uripku urip saya ngrembaka ngelingake wong sih urip ngucap syukur marang pangriptaning donya Wong tan nduwe tata krama tresna sing kebak ing ati mijil bak asmaradana biyen dipuja-pujani ning saiki malah lali wit gedhe kebak kang subur endah ing angkasa kang sinawang edi peni sinawang endahing ndonya klawan jagad Manungsa padha elinga urip ora bola bali gung tinameng kanggo sira pungkasane nggut puniki geneya korurahi nyuwun tulung mring ratwagung endah dumadi rurah mbalang lirih netra sithik sapa wonge kang gedhe rasa pangrasa Wit kang kondang kaloka gereng-gereng swara tangis jaman kliwat tanpa tilas tuwuh gedhe tegor graji kepriye nggon mulangi saumpama kembang tepus darbe rupa kang endah mekar ganda mora wangi sipat-sipating manungsa saumpama ...