Macapat Sinom 2



Tangising Jagad




Urip ora cetha rasa
kampung lit sinawang asri
wit-witan padha ngrembaka
adhem ayem lan nyawiji
urip kanthi trisna asih
kanggo sapa ta uripku
urip saya ngrembaka
ngelingake wong sih urip
ngucap syukur marang pangriptaning donya

Wong tan nduwe tata krama
tresna sing kebak ing ati
mijil bak asmaradana
biyen dipuja-pujani
ning saiki malah lali
wit gedhe kebak kang subur
endah ing angkasa
kang sinawang edi peni
sinawang endahing ndonya klawan jagad

Manungsa padha elinga
urip ora bola bali
gung tinameng kanggo sira
pungkasane nggut puniki
geneya korurahi
nyuwun tulung mring ratwagung
endah dumadi rurah
mbalang lirih netra sithik
sapa wonge kang gedhe rasa pangrasa

Wit kang kondang kaloka
gereng-gereng swara tangis
jaman kliwat tanpa tilas
tuwuh gedhe tegor graji
kepriye nggon mulangi
saumpama kembang tepus
darbe rupa kang endah
mekar ganda mora wangi
sipat-sipating manungsa saumpama

Delengen dumunung rasa
kepireng gerenging tangis
mbrebes mili saka netra
luhnja marawajan mili
banjur netes ing pipi
sapa wong sing bakal wruh
yen lara tanpa japa
sesambatira ngrintih
dakkarep siji-siji nduwe pangrasa

Mou_

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah