Macapat Sinom 1



Pratandha saka Jagad


Jagad-jagading manungsa
Endah disawang tur asri
Ana warih kang rasa tawa
Ing segara kebak warih
Rupa padha tan madhani
Wit mecaki lurung-lurung
Selak tanpa rumangsa
Citra kang katon ing eksi
Ywa selak marang endahing jagadnira

Nimpuna paring tuladha
Supaya tansah basuki
Banyu segara kang rowa
Mandholo kang lohjinawi
Wusana tentreming ati
Ing bantala tuwuh taru
Ing ngisor nemu jala
Taru-taru tuwuh wilis
Sapa wong bisa ngripta sana kang edi

Taru kang kondang kaloka
gereng-gereng swara tangis
jaman kliwat tanpa tilas
tuwuh gedhe tegor graji
kepriye nggon mulangi
saumpama kembang tepus
darbe rupa kang endah
mekar ganda mora wangi
sipat-sipating manungsa saumpama


Eneng, ening, aneng , awas
Pangastuti marang Widi
Gusti ingkang ngripta jagad
Rananggana obar abir
Jemparing nancep ing giri
Gawe udrasa ing kalbu
Manungsa padha sambat
Nanging tan eling pribadhi
Sapa kang wis nggawe mandholo pralaya.

Aja mung gawe palagan
Palagan nganti ing pati
Pangripta mandholo bagya
Mung njaga sing dikarepi
Njaga endahing pratiwi
Nggawe sengseming kalbu
Manungsa tinampi mulya
Rekasa saben pribadhi
Lumaksana pangupajiwa ing loka

Mou_

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah