Dhongeng Perang Dirgantara



Perang Dirgantara

Sawijining wektu ing Mendhung lan Surya gegeran. Mendhung rumangsa dheweke sing kuwasa ing ndoya iki. Dheweke sing bisa njaga donya saisine. Surya ora trima Mendhung mbombongake awake  dhewe kaya mangkono.
“He Mendhung. Aja mbombongake awakmu kaya mangkono.” Kandhane Surya.
“Banjur kenapa, apa kowe ora trima yen aku iki panguwasa donya ha..ha..” wangsulane Mendhung.
“Iya, Sing nguwasani kabeh iki aku Sang Surya. Yen ora ana aku kabeh bakal peteng lan kaben padha kadhemen amarga ora ana panas” kandhane Surya.
“Panggomu iku adoh kepriye kowe bisa njaga donya. Aku , aku iki cedhak karo donya.”
“Delengen wujudku. Wujudku iki sing paling gedhe. Kowe wae kalah karo aku.”
“Apa sing bisa koklakoni haha..” Mendhung nantang.
            Tukar padu kaya mangkono ora ana enteke, nganti Surya nduweni panemu. Dheweke bakal saya nyedhak marang  Mendhung. Saengga Mendhung bakal kapanasen.
            “Haha... rasakna iki. Mula aja bombong marang apa sing kokduweni.” Kandhane Surya.
            “Hfff.. Hfff.. Panas... Hfff” sambate Mendhung.
            Kringete Mendhung pating drodos amarga kapanasen sumunare Surya. Mula Kringete Mendhung iki ceblok nganti lemah donya. Apike kringete Mendhung sing ceblok iki ndadekake kasuburan ing alam donya.
            “Uwis.. uwis.. aku wis ora kuwat panasmu.” Sambate Mendhung marang Surya.
Nanging kapoke Mendhung iki mung sawetara. Mula Surya kerep nyedhak supaya Mendhung ora sombong maneh. (mou_)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah