Dhongeng Kupu Endah
Kupu Endah
“He Kupu... Ayo
mlaku-mlaku karo aku.” Kandhane Tawon.
“Ihh... emoh aku, kowe
kuwi elek, cilik, bunder. Ha...haa” Kandhane Kupu.
Tawon sedhih. Anggone ngajak malaku-mlaku ora ditanggepi
apik malah dikandhakake kaya mangkono. Banjur Si Tawon mire. Rumangsa pancen
rupane ora endah kaya kupu.
Nalika
kupu golek madu ing kembang-kembang. Dheweke uga kaya mangkono. Kupu-kupu
gumedhe.
“He...
kembang... kembang”
“Hff...
kupu iki maneh.” Kandhane salah sawijine kembang.
“Aku
pengin madumu kembang... Haaha..”
Kabeh kembang diparani lan dicoba.
“Madumu
ora enak” sambate Kupu banjur ngalih ing kembang liyane.
Dheweke
wis bosen karo madu-madu kembang sing biyasane diombe. Banjur ana kembang sing
ambune ora enak ning sajak wujude luwih gedhe. Ing pikirane kembang kaya
mangkono kuwi bakal nduweni madu sing luwih akeh. Mula dheweke banjur nyedhak.
Dheweke miber-miber mlebu klopake kembang kuwi. Nanging dheweke ora nemokake
madu sing dikarepake.
Dheweke
penasaran banjur mlebu luwih jero maneh. Nanging tetep wae ora ditemu. Nalika
dheweke arep balik.
“Hloh..
hloh.. awakku .. awaku kok kanthil iki piye. Tulung....tulung...”
Nanging ora ana sing bisa nulungi. Kembang gedhe iku
saya mingkupake klopake. Nganti swarane kupu ora keprungu maneh. Kupu ilang
dipangan kembang gedhe iku. (mou_)
Komentar
Posting Komentar