Dhongeng Momon



Momon

Pak Sukijan nduwe kethek sing ditemu ing alas nalika dheweke lagi mlaku liwat alas. Anakan kethek iku katut banyu kali. Critane kaya mangkene kenapa kethek nganti arep kenter. Wektu kuwi Pak sukijan mlaku kanthi ndeleng-ndeleng wit-witan sing ijo royo-royo. Dumadakan Pak Sukijan krungu ana swara kethek. Aukk.. hepp.. Aukk..
“Swarane kaya saka kali” banjur nginguk menyang kali sing ora adoh saka panggone.
Panyawange banjur tinuju marang anake kethek sing kenter banyu. Age-age dheweke ngulungake kayu dawa. Kayu kuwi dilungake menyang kethek banjur. Kethek katulungan dening pak Sukijan. Nanging sajake wis akeh banyu sing komben ing wetenge kethek. Ndadekake kethek kuwi ora sabar. Pak Sukijan nggawa kethek iku menyang omahe.
            Ing omah Bu Sukijan nesu-nesu.
            “Pak, hla jare sampeyan iki arep nggolekna iwak kanggo lawuh mangan njur ngendi ta Pak” kandhane Bu Sukijan.
            “Sepurane Bukne aku ora sida golek iwak iki mau”  wangsulane Pak Sukijan.
            “Hla iku apa Pak sing kok gawa. Heleh.. heleh... ora sida golek iwak ndadak malah nggawa kethek alas. Njur kanggo apa ta Pakne?”
            “Ngene hlo Bukne. Iki mau aku nemu kethek sing arep kenter banyu. Mesakake banjur takgawa mulih.”
            “Banjur arep kokingu neng kene? Alah-alah Pak nyukupi anak bojo wae durung karuan kok ndadak ditambahi ngingu kethek alas.”
            “Walah Bu, sampeyan iki tulung tinulung iku lak ora mung kudu sapadha manungsa nanging kabeh pangriptane Gusti”
Bu Sukijan mung meneng.
            Kethek iku dirumat Pak Sukijan. Nganti gedhe. Saben aneng ngendi wae kethek sing diwenei jeneng Simon iku mesthi melu. Nganti nate sawijining dina Pak Sukijan kepilut utang lan age-age kudu dibayar. Pak Sukijan bingung pikire.
            “Pak...”
            “Apa ta Bu”
            “Kepriye yen kethek iki didol wae Pak?”
            “Aja. Mesakake mengko yen kena tangane wong sing ora apik”.
            “Hla banjur kepriye ta Pak?” pitakone Bu Sukijan saya sedhih.
            “Sik.. sik.. Buk delengen kae si Momon”
            Disawang-sawang tingkahe si Momon iki kaya manungsa. Si Momon sing ngrumangsani dideleng Pak Sukijan banjur meneng. Pak Sukijan rumangsa aneh. Mula dheweke banjur marani. Dumadakan bener si Momon bisa ngomong kayadene manungsa.
“Pak Sukijan. Aku njaluk sepura amarga wis ngrepoti. Aku kerep ngerti kowe kerep tukar padu karo bojomu amarga aku.” Kandhane si Momon
Pak Sukijan kaget ngerti kahanan kanthi ngucek-ngucek mripate ora percaya.
“Sa... sapa sejatike kowe iki?”
“Aku sejatine dewa, amarga kabecikanmu mula tak wenehi iki kanggo kowe.”
“M .. ma.. tur nuwun” mung tembung iku sing bisa kaucap dening Pak Sukijan.
Banjur dewa sing wujud kethek iku ilang. (mou_)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah