Dhongeng Kebo Banyu Biru



Kebo Banyu Wening
Sawijining dina ana bocah jenenge Poni. Si Poni iki lagi golek kayu ing tengah alas dikancani Tamtam. Nalika lagi njupuki rontokan kayu-kayu cilik ing alas. Dheweke krungu ana swara kebo sing mbengung-mbengung njaluk tulung.
“Swara apa iku Tam?”pitakone Poni.
“Lak miturutku iku kaya swara kebo Pon” wangsulane Tamtam.
“Coba ayo digoleki saka ngendi asale swara kuwi”
“Ayo. . .mrana” karo nuding panggon swara asal.
Tibane ing panggonan kuwi ana Kebo alas sing lagi kejiret tali tampar gedhe.
“Wah, iku kebone kejiret tali Pon ” kandhane Tamtam
“Kayane ana sing sengaja masang tali tampar gedhe iki. Wah... Wah... ayo padha diuculi mesakake kebo iki” kandhane Poni.
Si kebo iki mung mbengung-mbengung kapengin tali kuwi ndang diuculake saka awake. Sawise tali diuculake kebo age-age mlayu saka Poni lan Tamtam. Sikebo iki keweden dikira Poni lan Tamtam arep nangkep dheweke.
“Oalah kebone malah  mlayu Pon. Ngerti ngono ora usah ditulungi wae”
“Ora oleh ngono Tam, nulung iku kudu sing eklas”
Tanpa dingerteni si Kebo iki ngetutake Poni lan Tamtam.
            Ora krasa anggone mlaku Poni lan Tamtam iki wis kadohan. Adoh saka omah. Kekarone ora bisa balik. Tamtam ngarasa ngelak wiwit mau wis mlaku adoh. Banjur sasuwene mlaku pranyata nemu gumbengan banyu sing bening banget. Tamtam mlayu nyedhak ing banyu iku. Ngombe banyu, nyegur ing jero gumbengan banyu iku.
“Ayo Pon, mrenea banyune seger banget” kandhane Tamtam.
Lagi wae Poni arep nyusul Tamtam. Ana kebo sing nyruduk Poni nganti kesempar ngadoh saka banyu. Poni kaget. Tamtam  uga kaget ngerti kahanan kaya iku. Apa mameh weruh yen kebo iku. kebo sing ditulungi isuk mau. Tamtam langsung gelut nglawan kebo iku.
“Aja kok larani kancaku. Kowe iki ora nduwe wales budhi. Ditulung malah mentung” kandhane Tamtam.
Pranyata kebo iku bisa ngomong.
“Sepurane aku ora nduwe kapenginan ngalarani kancamu. Aku malah arep nulungi sadurunge kancamu iki dadi kaya aku. Sejatine aku iki uga manungsa nanging amarga ngombe banyu lan kumkum ing kono wujudku malih dadi kaya ngene.” Kadhane Kebo.
“dadi maksudmu aku iki uga bakal awujud kaya kowe?” pitakone Tamtam.
“Iya, sepurane aku ora bisa nyametake awakmu. Amarga kowe wis keburu kapengin ngombe lan adus banyu iku” kandhane Kebo.
Ora suwe Tamtam owah wujud dadi Kebo uga. Poni sedhih amarga rumangsa ora bisa nulungi kancane. Mula banjur dheweke banjur melu njegur, ngombe lan kumkum banyu iku supaya bisa dadi Kebo uga.
 (mou_)


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah