Ana-ana bae: ATM Horor




ATM Horor

Iki critaku nalika aku lan kancaku arep njupuk dhuwit neng ATM.
“Din mengko terna aku mampir menyang ATM ya?” panjalukku marang Dina.
“Oke, wis ayo budhal” wangsulane Dina.
Sawise tekan panggonan aku gage- gage melu antri sangarepe mesin ATM. Semenit aku ngenteni, daksawang sajrone mesin ATM ora ana sapa-sapa. Nanging ibu-ibu sing ana sandhingku isih ngadek ora mlebu ATM. Aku bingung janjane ibu-ibu iki arep mlebu neng ruwang ATM apa ora. Aku isih ngenteni, daksawang ibu-ibu iku ngetokake ATM saka tase. Dakpikir banjur ibu iku arep mlebu ruwang ATM. Nyatane ora ibu iku tetep ngadhek ana sandhingku. Aku saya bingung, ibu iki ngenteni sapa utawa ngenteni apa. Njur aku ingak-inguk mesin ATM maneh. Daksawang neng njero ora ana wong sapa-sapa.
“Bu, napa panjenengan badhe mlebet?” pitakonku marang ibu-ibu iku.
“Iya nak, ngenteni wong sing neng njero.” Wangsulane ibu iku kantho dandani tase.
Aku saya bingung, pikiranku apa ibu iki bisa ndeleng barang alus sing ora dakngerteni. Njur aku matur marang ibu iku.
“Bu, njenengan ngrantos sinten wonten ndalem sampun boten wonten tiyang.”
“Ealah, nak tak kira mau isih ana wong hahaha” wangsulane ibu iku kanthi ngguyu.
“Hehehe, sampun boten kok Bu, mangga” wangsulanku kanthi ngempet ngguyu lan rasa wediku mau.
“Ah awan-awan iku ora ana setan. Panggonan iki uga rame banget, ana-ana bae” batinku.

Komentar

  1. Casino Hotel Las Vegas, NV United States - Mapyro
    Casino Hotel Las Vegas 김해 출장마사지 is 세종특별자치 출장샵 located in Las Vegas, NV and has a total of 3,750 hotel rooms. Casino Hotel. 세종특별자치 출장안마 The 춘천 출장샵 building has 3,750 square feet of  Rating: 7/10 여수 출장마사지 · ‎9 votes

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Apresiasi Geguritan - PEPELING KABECIKAN SAJRONE GEGURITAN RUMANGSAKU ANGGITANE ROEWANDI

Tugas Teks Dheskriptif.

Geguritan Bocah