Ana-ana bae: ATM Horor
ATM Horor
Iki critaku nalika aku lan
kancaku arep njupuk dhuwit neng ATM.
“Din mengko terna aku mampir
menyang ATM ya?” panjalukku marang Dina.
“Oke, wis ayo budhal” wangsulane
Dina.
Sawise tekan panggonan aku gage-
gage melu antri sangarepe mesin ATM. Semenit aku ngenteni, daksawang sajrone
mesin ATM ora ana sapa-sapa. Nanging ibu-ibu sing ana sandhingku isih ngadek
ora mlebu ATM. Aku bingung janjane ibu-ibu iki arep mlebu neng ruwang ATM apa
ora. Aku isih ngenteni, daksawang ibu-ibu iku ngetokake ATM saka tase. Dakpikir
banjur ibu iku arep mlebu ruwang ATM. Nyatane ora ibu iku tetep ngadhek ana
sandhingku. Aku saya bingung, ibu iki ngenteni sapa utawa ngenteni apa. Njur
aku ingak-inguk mesin ATM maneh. Daksawang neng njero ora ana wong sapa-sapa.
“Bu, napa panjenengan badhe
mlebet?” pitakonku marang ibu-ibu iku.
“Iya nak, ngenteni wong sing neng
njero.” Wangsulane ibu iku kantho dandani tase.
Aku saya bingung, pikiranku apa
ibu iki bisa ndeleng barang alus sing ora dakngerteni. Njur aku matur marang
ibu iku.
“Bu, njenengan ngrantos sinten wonten ndalem sampun boten
wonten tiyang.”
“Ealah, nak tak kira mau isih ana wong hahaha” wangsulane
ibu iku kanthi ngguyu.
“Hehehe, sampun boten kok Bu, mangga” wangsulanku kanthi
ngempet ngguyu lan rasa wediku mau.
“Ah awan-awan iku ora ana setan. Panggonan iki uga rame
banget, ana-ana bae” batinku.
Casino Hotel Las Vegas, NV United States - Mapyro
BalasHapusCasino Hotel Las Vegas 김해 출장마사지 is 세종특별자치 출장샵 located in Las Vegas, NV and has a total of 3,750 hotel rooms. Casino Hotel. 세종특별자치 출장안마 The 춘천 출장샵 building has 3,750 square feet of Rating: 7/10 여수 출장마사지 · 9 votes